Sabtu, November 28, 2009

Raden Ng. Ranggawarsita


Raden Ng. Ranggawarsite iki nalika isih timur asmane Raden Bagus Burham. Kalebu salah sawijining pujangga kang misuwur nalika jaman Mataram. Panjenengane wayahe R. Ng. Yasadipura II. Miyos dinten Senen Legi, 10 Dulkaidah taun 1728, sinengkalan Bujangga Nembah Pandhita Aji, uatwa 14 Maret 1802. Sedane dinten Rebo Pon 25 Dulkaidah taun Jimakir 1802 utawa 24 Desember 1873.
Nalika isih timur Bagus Burham maguru ing pesantren Gebangtinatar ing Ponorogo, pondhokane Kyai Imam Besari. Bagus Burham kalebu murid kang nakal lan bodho. Bagus Burham uga tau lolos saka pondhokan iku tekan Madiun pinanggih kare Raden Ajeng Gombak, putrine Bupati Kediri.
Tekan mangsane penggalihe tinarbuka, laku prihatin 40 dina 40 bengi sadinane poso lan kungkum ana ing kali Krikil. Panjenengane pikantuk sih palimirmaning Pangeran oleh wahyu kapujanggan kang wusanane dadi pujangga.
Karangane Raden Ng. Bagus Burham akeh banget. Antarane Jayengbaya, Jaya Baya, KaLatidha, Cemporet,Wirid, Paramayoga, Jaka Lodhang, Sabdatama lan sapanunggalane.Banjur deweke kasebur Raden Ngabei Ranggawarsita.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar